dolanan geni

Juli 12, 2016

mulo bener kang dingandikaake para sarjana, para pinter kae, yen pingin nyekel tikus, yo among tindakan kui sing kabutuhake, ora perlu nganggo ngobah saomahe barang. ewo semono kang kawogan donyo iki lagi seneng dolanan geni……..

 

dolanan geni

 

 

 

pancen wengi iki katon ndhedet

tumrap sliramu kang lagi wae lumaku

sadawaning panyandang kang kasampirake

ing pundhak lan awakmu lan tanggung jawabmu

pancen dino iki katon peteng ing netramu

kang mbukak donya anyar dadi pandeganing sakbrayat

ing ngarso cucuk lampahing panguripan

 

upet blarak kang wus kasumet

ora dadhi pepadhang langkah lumaku

blencong lengo potro kang kapasang ndadak mobat mabit murup gemedhe

ndhadheake titir katabuh kanti rasa kuwatir

geneyo sliramu katon seneng dolanan geni

dian kasumet dudu kanggo upeting urip

kanggo nduduhake yen sliramu

nggegem kenceng nyekel panguwasaning aurip

 

 

 

 

 

geneyo sliramu seneng dolanan geni, munggah aku ora paham opo kang dadi karepe


Kmw:agnityas

Juni 11, 2015

Kembang mawar wulung, kembang kang wigati, datan tinemu sadengah papan sadengah wektu. Mawar wulung ing wayah surup, kairingi kekidungan kinanthi, kroso nglangut ginowo ing pangroso sepi ngenteni murube geni ing ati …….

 

 

Kmw:agnityas

 

 

 

Kembange mawar arupa wulung
Linimbaran ing sungkuping ati
Kapethik ing wayah surup purwaning wengi
Katon wingit dadi chandrane sepi
Samar ginawa angin sumilir
Kekidungan kinanthi krosos nglangut
Katembangake kanti rasa kebak
Ati kang kenter ing pangantu antu

Yo gene ati kang wus kebacut tatu
Kasaput mendung sakalngkung suwe
Kangelan gumregah gawe dedayaning urip
Latu sakjroning ati katon cilik kelap kelip
Ora kuwowo kanggo mbebangun niat
Kanggo sangune urip sakbanjure

Jaganen upeting latu sak jroning ati
Muga bisa dadi bakalaning geni
Kang sumurub dadi kekuataning urip

 

 
Nothing left but a little one, a little flame which still turn on inside. Keep it turning on.